Suwe aku kekancan karo sliramu
Nalika aku nandang bungah lan lara
Namung sliramu kang mesthi ana ing sandhingku
Wigati kang kowenehake marang aku
Saya suwe andadekake rasa kang gumantung ing jero atiku
Nanging sliramu tansah biyasa
Kaya ora ngerteni apa kang dadi rasaku
Teka lan lunga ing uripku
Saya nambahi bingunging atiku
Kapan sliramu bisa ngerteni
Apa maneh bisa nampa rasa kang wis suwe dakwenehake marang sliramu
Rasa tresna kang suci


Yogyakarta, 12 Maret 2012



*)Karya tugas mata kuliah "Art and Literature" semester genap 2011/2012

0 Komentar