Peteng ndhedhet langit sore iki
Swara gludhug gegeteri
Tinambah sliliran angin andadekake hawa mundhak ora kapenak
Apa maneh nalika mancik wektu wengi
Gangsir-gangsir ing pekarangan padha ngentir
Saya suwe saya ngreridhu ati
Apa pancen kaya ngene iki rasane wong kang lagi nandang duka
Omah dadi suwung lan sepi
Nganti kapan aku terus nangisi
Mungkuring Bapak lan Ibu dhateng Gusti


Yogyakarta, 27 Februari 2012



*)Karya tugas mata kuliah "Art and Literature" semester genap 2011/2012

0 Komentar