Jakarta
Nadyan kudu ngedol wedhuse Bapak, aku tetep mangkat menyang
Jakarta. Yen eling sedhihe wong tuwaku lan adhi-adhiku, atiku mundhak sedhih.
Ya wis lah, aku nekat mangkat. Minggu wengi kira-kira jam 21.25 aku numpak
sepur saka stasiun Lempuyangan diterake Tarni. Adhem lan grimis ngancani
sepurku sing lekas mlaku. Ing sepur akeh wong dodolan wira-wiri nawarake barang
dodolane. Saya suwe rasane ngantuk banget.
Esuk jam 04.50 sepurku wis teka Jatinegara. Aku mudhun saka
sepur karo nggendhong tas rangselku. Aku langsung nuju mushola sing ana ing
stasiun kanggo salat. Rampung salat, aku metu menyang njabane stasiun. Ing
ngarepe stasiun wis akeh ojekan lan mobil angkutan. Aku bingung iki arep
menyang ngendi maneh, uwong lagi iki wae weruh langsung rupane Jakarta. Pancen
wong desa kok akal-akal nekat menyang mrene. Aku terus gembreneng ing jero ati.
Nalika aku lungguh ing emperan tok celake stasiun, ana
uwong lanang tuwa sing marani aku lan kandha, “Mbak, mau naik ojek? Mau pergi
ke mana?”. “Enggak, masih nunggu teman, Pak”, sauranku. Asline aku kapengin
takon arahe alamate Mas Tarto, nanging aku eling kandhane Pakdhe yen ing
Jakarta akeh uwong sing ngapusi, mula aku ati-ati.
Aku mbukaki maneh kartu ucapan sing
dikirim Mas Tarto. Banjur mlaku menyang dalan njaba stasiun. Wis kira-kira
setengah jam, aku nemoni prapatan sing ana pos polisi. Aku mara menyang pos lan
takon panggonan alamate Mas Tarto sing ditulis sing kartu ucapan. Banjur
mengkono, aku numpak bis nuju daleme Mas Tarto. Sajam sawise iku, aku tekan ing
ngarep daleme Mas Tarto. Omah tingkat 2 warna cet coklat, akeh kembange. Sokure
daleme celak dalan gedhe, dadi luwih penak golekane.
Ing ngarep daleme Mas Tarto, aku
banjur mlebu menyang latare. Aku ing ngarep lawang lan mijet bel sing ing
pinggire lawang. Ngenteni rada suwe, banjur ana sing bukakake lawang. Wong
wadon ayu nganggo blouse abang motif kembang lan rok wiru coklat metu saka jero
daleme Mas Tarto. Wong wadon iku ayu, rupane resik, kuning lan rambute lurus
lan ireng. Wong wadon iku nyawang aku katon sumringah. Sapa wong wadon iki, apa
aku kleru nekani omah, aku malah gegujengan ing jero ati. “Sumongga pinarak
wonten dalem”, ature wong wadon iku. “Ing, inggih mbak..”, sauranku karo mesem,
banjurr mlebu.
Sawise lungguh ing dhingklik, aku nyelehake tas rangselku.
Banjur mengkono, wong wadon kuwi takon, “Sampeyan niki sinten nggih mbak?
Punapa kula kesupen, utawi kancanipun Mas Tarto?” takone wong wadon iku kalem.
“Kula Tari, Mbak. Kancanipun Mas Tarto nalika kuliah”, sauranku sumringah. Aku
kapekso ngapusi wong wadon iki amarga aku pengin ngerti dhisik sapa wong wadon
iki.
“Kula Tari, Mbak. Punika wau kula saking Lamongan, ajenge
ndherek pemilihan guru berprestasi wonten ing DIKTI. Punika kinten-kinten
tigang dintenan. Mila punika kula ajenge nyuwun tulung nunut tilem wonten
ngriki, Mbak”.
“Oow makaten. Inggih boten
napa-napa, kula sumanggakaken. Nanging Mas Tarto taksih ngasta, Mbak Tari. Oh
inggih, sugeng tepangan nggih Mbak Tari, kula Sukesi, garwanipun Mas Tarto”.
Saurane wong wadon iku karo mesem. Krungu sauran mengkono, atiku langsung
kaget. Kapan Mas Tarto rabi, yen rabi kok ora kirim warta ing
Yogyakarta.Pikiranku saya ruwet, nanging aku tetep ngantengake ati lan awakku
supaya Mbak Sukesi ora curiga.
“Lhoh, sampun dangu punapa Mbak?
Kok Mas Tarto boten paring warta wonten kanca-kanca. Kula nembe ngertos”,
sauranku katon sumringah.
“Nggih kinten-kinten 2 taunan Mbak”, saurane karo benakake
taplak meja ing ngarepku.
Aku lan Mbak Sukesi rada suwe
omong-omongan. Sawise mengkono, Mbak Sukesi ngongkon aku leren lan adus ing
kamar, ngerteni yen aku mesthi kesel numpak sepur. Sawise adus, aku banjur
turu, nglerenake awak.
Kira-kira jam 13.30an, aku nglilir,
krungu ana mobil teka ing daleme Mas Tarto. Bel omah banjur muni, ana dhayoh
sing lagi mara. Sawise 10 menit-an Mbak Sukesi nothoki lawang kamarku, banjur
aku bukak lawang. “Punika Mbak, Mas Tarto sampun kondur”, kandhane Mbak Sukesi.
“Oh inggih Mbak”, sauranku. Banjur aku lan Mbak Sukesi nuju ruwang dhahar
nemoni Mas Tarto. Atiku ndhredheg amarga arep nemoni Mas Tarto. Wis 7 taun ora
ketemu. Apa maneh krungu warta yen Mbak Sukesi iku garwane Mas Tarto, atiku
saya sedhih.
Ing ruang dhahar, seka mburi, katon
wong lanang nganggo kaos putih lan bocah lanang lan wadon kira-kira 7 taunan
lan 5 taunan lagi mangan
bareng ing meja. Tekan ruang dhahar, aku langsung nyedhak ing sandhinge Mas
Tarto sing lagi dhahar. “Sugeng siyang, Mas Tarto”, aturku karo ngelungake
tangan kanggo salaman. Mas Tarto sing nyawang aku, ujug-ujug langsung kaget lan
rupane abang.
“Tarti!!”, kandhane Mas Tarto karo ngadeg nyelehake sendok
ing piring.
“Inggih Mas. Napa kok sampeyan
kaget kaya mengkono Mas? Aku kapeksa adoh-adoh mrene mung arep nemoni sampeyan
Mas. Apa sampeyan ora eling yen sampeyan isih duwe Bapak lan Ibu, Mas?”,
takonku karo mripat wis lekas mbranang.
“O..ora mengkono Ti. Aku bisa nyritakake apa sing wis suwe
daklakoni Ti. Aku..”, durung rampung Mas Tarto ngandha, aku langsung medhot
kandhane.
“Ora kaya mengkono piye. Wis jelas yen sampeyan iku 7 taun
ora bali. Menehi surat ya mung riyaya wingi thok. Apa sampeyan ora ngrasa yen
Bapak, Ibu lan adhi-adhimu ngenteni tekane sampeyan. Sampeyan pancen anak lali
wong tuwa Mas!!”, eluhku wis lekas metu menyang pipi.
Mbak Sukesi langsung nyedhaki aku lan Mas Tarto. “Sanyatane
iki kepiye. Aku ora mudheng apa-apa”, kandhane Mbak Sukesi saya bingung.
“Ngapunten Mbak sederenge. Kula punika asline jenenge
Tarti. Kula adhine Mas Tarto sing ana ing Yogyakarta. Kula teng ngriki ajenge
ngejak Mas Tarto wasul menyang Yogyakarta”, sauranku karo ngusapi eluh ing
pipiku.
“Elhoh.. kandhamu kala biyen, sampeyan ora duwe adhi ta
Mas. Kandhamu Bapak lan Ibune sampeyan wis konjuk. Lha terus sing pener iki
sing endi?”, Mbak Sukesi lekas mbranang mripate.
“Ya ampun Mas, tega tenan
sampeyan ora ngakoni aku, Bapak, Ibu lan adhi-adhimu. Apa sampeyan pancen isin
duweni dulur aku lan kabeh?!”, aku saya suwe saya mundhak nesu krungu kandhane
Mbak Sukesi. Mas Tarto banjur nggoceki awakku supaya aku ora mundhak nesu.
“Ti, kowe aja sujana dhisik Ti.
Aku ngaku yen aku iki wis salah banget, 7 taun ora tau bali ngendhangi
sedulur-dulur omah, utamane Bapak lan Ibu. Apa maneh, aku rabi ora
kandha-kandha Bapak lan Ibu. 2 taun kapungkur, aku kerja ing kantor pajak sing
ing Jakarta. Aku pacaran karo Sukesi, anake pimpinan kantorku. Sukesi wis duwe
anak 2 iki. Bojone sing biyen ora gelem tanggungjawab nganti anak-anake wis
padha gedhe. Bojone sing biyen terus nguber Sukesi amarga ngerti yen Sukesi
durung duwe bojo maneh. Lan meksa njaluk anake digawa mlayu yen dheweke ora
gelem rabi maneh. Akhire aku ngrabi Sukesi supaya bisa njaga dheweke lan
anak-anake. Aku wis niat suwe arep ngendhangi Bapak, Ibu lank owe karo adhi-adhiku,
nanging aku ora kepenak amarga wis 5 taun ora ngendhangi lan menehi warta. Mula riyaya wingi aku mung
ngirim layang, lan isih nata awak supaya bisa siap nemoni sedulur-dulurku kabeh
sing ing omah Yogyakarta.”. Mas Tarto nyoba njlentrehake cerita sing satenane.
“Lan kowe, Kes, aku njaluk
pangapuramu. Aku ora duwe niat ngapusi tenan marang sliramu. Aku kapeksa
ngandhakake yen aku ora duwe dulur amarga aku wegah yen sliramu dadi melu
kapikiran dulur-dulurku. Aku ngerti piye rasane dadi sliramu sing wis dilarani bojomu biyen, apa maneh omahku adoh.
Aku durung siap yen ngajak sliramu lan bocah-bocah menyang Yogyakarta. Aku wis
nyiapake wektu arep cerita marang sliramu, nanging wis kadhisikan Tarti
mrene.”, kandhane Mas Tarto marang Mbak Sukesi.
Mbak Sukesi ngusapi eluh sing metu saka mripate. Banjur
nyedhaki Mas Tarto lan kandha,”Nggih sampun Mas, yen mengkono tenane, sampeyan
baliya menyang Yogyakarta karo aku lan bocah-bocah bareng Tarti, nemoni Bapak,
Ibu lan adhi-adhimu. Aku bisa ngerteni kahananmu, Mas, piye rasane dadi
sampeyan lan dulur-dulurmu. Aja suwe-suwe Mas, ayo gek menyang Yogyakarta”,
kandhane Mbak Sukesi wis lekas bungah.
Sawise mengkono, aku, Mas Tarto, Mbak
Sukesi lan anak-anake langsung siap-siap mangkat menyang Yogyakarta.
Yogyakarta, Mei 2012
Dwi Ajeng Vye
*)Karya untuk tugas mata kuliah "Art and
Literature" semester genap 2011/2012
0 Komentar
Give ur coment