"Ati kang Tinucul"
Rasane tansah ora bisa lila
Nguculake sliramu sing wis dadi gantilaning
atiku
Janji kang wis kokandhakake kala biyen
Saya nggerus ati kang wis lara
Ora nyana yen kaya mangkene dadine
Ati kang wis tinali, wucul kanggo wong liya
Wis dakcoba nrima apa kang dadi penginmu
Nguculake sliramu kanggo bungahing
atimu
Yogyakarta, 26 Maret 2012
*)Karya tugas mata kuliah "Art and Literature" semester genap 2011/2012
0 Komentar
Give ur coment